Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2020

Tanah Longsor

Gambar
Nama : Sabilla Izzatu Rifqi Kelas : X Mipa 1 Absen : 31 Bencana Tanah Longsor   Polres Cianjur ngira kedadean tanah longsor neng desa Cijedil, Cugenang, Kabupaten Cianjur sore mau amarga anane penumpukan banyu sing banjur mbludak, dadine marakake lemah neng dhuwur tebing longsor ing pundhak lan dalan. “(Longsor) mbokmenawan akibat saka mbludake banyu,” ujar Kapolres Cianjur AKBP Asep Guntur Rahayu neng lokasi longsor, dina Rabu tanggal 13 Januari 2016. Dheweke nuturke, longsor pisan ora pati gedhe lan wis sempat diresikna warga. Nanging ora suwe kedadean longsor susulan sing luwih gedhe. “Ndelalah neng walik tebing sing longsor kuwi ana saluran banyu," tembung Asep. Kaya kawruhan, bencana bencana longsor neng desa Cijedil, Cugenang, Kabupaten Cianjur nutup kabeh dalan kesebut. Kanggo nyingkerke longsoran wis ditekakne rong unit alat berat. Tunggangan kesebut wis nglakoke upaya pangresikan longsoran lan terus dilakoke. "Target awake dhewe paling ora bisa keliwatan, senajan mun